About US

Materi Kelas X SMK - Wulangan 1 = Tembang Pangkur

TEMBANG PANGKUR

                Nulad saka pangerten sempalan tembang Pangkur ing Serat Wedhatama yasan KGPAA (Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya) Mangkunegara IV, nyata lamun manungsa urip ing alam ndonya iku ora bisa uwal saka Gusti Kang Maha Kuwasa, kang uwis maringake kanugrahan awujud rasa pangrasa minangka sawijining bab kang bisa mbedakake manungsa karo titah liyane.

                Pitutur kang kamot ana ing sajroning tembang Pangkur yaiku ngandharake tumindak becik kang kudu dilakoni dening manungsa supaya bisa dadi manungsa kang utama. Tumindak kasebut yaiku tansah eling lan waspada ing samubarang gawe, lan kudu bisa ngendhaleni hawa nepsu kang gawe kapitunan marang awake dhewe lan wong liya lan nuwuhake sikep tansah mulat sarira angrasa wani ( mawas dhiri ).


A.      Pangerten Tembang Pangkur

Miturut maknane tembnag Pangkur iku nggambarake mangsa nalika manungsa wis kliwat umur kang ngungkurake babagan kadonyan. Watake semangat, perwira tegese kanthitemen anggone ngedohi hawa nepsu ing kadonyan, supaya ora nganggu anggone urip.

B.      Pathokan tembang Pangkur

TEMBANG PANGKUR

Guru Wilangan                                  Guru Lagu                               Guru Gatra

8

a

 

                 

                    7

 


                      11

i

8

u

7

a

12

u

8

a

8

i

 

C.      Watak tembang Pangkur

Watake temabng Pangkur iku madhep manteb, banter, nesu. Cocok kanggo nggandharake pitutur, katresnanan, crita kang nyata, lan sapiturute

D.      Makna tembang Pangkur

Pangkur saka tembung mungkur  kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Pangkur iku maksude buntut. Karangane kanjeng Sunan Muryapada. Duwe makna nggambarake mangsa nalika wis kliwat umur kang ngungkurake kadonyan, bisa ngendhaleni tumindak lan nepsu-nepsu kang ala. Kang dipikir among tembe mburine nalika sowan ing ngarsa Gusti , lan golek memanising pati.

E.       Wos kang kamot ing tembang Pangkur ( Serat Wedhatama)

Ø  Serat Wedhatama ngajarake tuntunan moral ing babagan etika pribadi minangka pemangun karakter dhiri pribadi. Ngelmu iku ngajarake supaya nampa kanthi senenging ati yen dianggep bodho (bungah ingaran cublak) lan tetep bungah yen diina/diece (sukeng tyas yen di ina). Ing kene uga aweh pamrayoga supaya kabecikan (puruita kang putut) marang wong wicaksana kang seneng tapa brata (sarjana kang martapi) kanggo mahami ngelmu kang sejati.

Ø  Ngajarake tuntunan moral minangka perangan saka pendidikan karakter ing babagan etika moral, sebab minangka sawijining kuwajiban tumrap urip ing satengahing masyarakat. Ing kene diajarake supaya wong aja nganti tumindak kang kurang sopan lan santun ing pasatemon, mula bisa gawe isin (gonyak-ganyuk nglelingsemi) semono uga aj tumindaksakarepe dhewe. Sifate yen guneman tanpa dipikir luwih dhisik, ora gelem dianggep bodho, lan seneng dialem.

Ø  Serat wedhatama ngajarake tumindak kaya dene tumindake wong bodho, kang omongane ora karu-karuan lan ora tinemu nalar (ngandhar-ngandhar angendhukur, kandhane ora kapra ). Wong kang bodho iku seneng ongas (sombong).

Ø  Serat Wedhatama uga ngajarake tutntunan moral ing babagan nembah mring Kang Maha Kuwasa. Ing kene diajarake yen agama iku minangka cagaking urip kang luhur (agama ageming aji )

 

F.       Tuladha tembang Pangkur            

3

5

5

5

3

3

3

3

 

 

 

 

Ming-

kar

ming-

kur

-ing

ang

ka

ra

 

 

 

 

3

5

5

6

1

1

1

1

2

3

3

 

a-

ka-

ra-

na

ka-

re-

nan

mar-

di

si-

wi

 

5

6

1

1

1

1

2

2

 

 

 

 

si-

na-

wung

res-

mi-

ning

ki-

dung

 

 

 

 

1

6

5

5

5

5

5

 

 

 

 

 

si-

nu-

ba

si-

nu-

kar-

ta

 

 

 

 

 

3

5

5

6

1

1

1

1

1

2

3

3

mrih-

kre-

tar-

ta

Pa-

Kar-

ti-

ning

ngel-

mu

lu-

hung

6

6

1

1

1

1

1

1

 

 

 

 

kang

tum-

rap

ing

ta-

nah

ja-

wa

 

 

 

 

1

2

3

1

2

3

3

21

 

 

 

 

a-

ga-

ma

a-

gem-

ing

a-

ji

 

 

 

 

  

Materi Kelas X SMK - Wulangan 1 = Tembang Pangkur Rating: 4.5 Diposkan Oleh: Bahasa Jawa

0 Post a Comment:

Posting Komentar