WULANGAN 2
GEGURITAN, TINDAK
UTAMA, LAN SUBASITA
A.
Pangerten Geguritan
Geguritan yaiku wohing susastra kang basane
cekak, mentes, lan endah. Tegese ukarane ora nggladrah,tembunge duwe makna kang
jero lan nggunakake tembung-tembung rinengga (Purwakanthi swara, sastra, lan basa). Mula geguritan ing kawitane
mung cekak nanging nggunakake tembung-tembung kang duwe nilai estetika dhuwur.
Wujud geguritan iku saemper karo sair (syair). Panulise kanthi bait-bait/gatra.
Geguritan iku kalebu puisi Jawa Modheren, amarga ora kawengku dening pathokan
tinamtu kaya dene tembang macapat.
Masyarakat Jawa wis kenal geguritan (puisi)
kawit jaman kuna-makuna. Ing jaman masyarakat migunakake basa Jawa kuna wis
dikenal wujud geguritan sing diarani Kakawin.
Geguritan kalebu karya sastra kang nggunakake basa kanthi maksud liya.
Geguritan kuwi asipat konotatif, tegeseduweni pangerten kang beda karo pangerten ing kamus. Geguritan uga
nduweni sifat ekspresi ora langsung sawijining kagiyatan utawa aktifitas basa
sing ngudharake karep kanthi cara liya. Kekhasan basa merga disebabake dening
gelung perkara.
1. Merga ngganti teges carane nganggo
lelawaning basa utawa pepindhan
2. Nggenggokake teges kanthi cara
Purwakanthi
3.
Ngripta teges kanthi cara pembaitan
B.
Unsur-unsur Geguritan
Geguritan iku kawamgun saka unsure fiski lan batin.
a. Unsur Fisik
Diksi yaiku nggatekake lan menehi tekana basa,
utamane babagan tembung-tembunge irama ing geguritan.ing perangan iki isa
awujud irama lan rima.
Citraan yaiku andharan saka penulis supaya gawe
sengsem para pamaose.
Majas yaiku wujud ukara kang isa narik kawigaten.
Bunyi yaiku nemtokake tembung-tembung kang digunake
isa narik kawigaten, mula kudu duwe nilai sastra nanging komunikatif.
Tipografi yaiku wujud geguritan iku isa narik
kawigaten.
b. Unsur Batin
Tema yaiku gagasan pokok kang diandharake dening
penyair lumantar geguritane.
Tema kang kerep
digunakake ing geguritan yaiku tema ketuhanan (religius), tema kamnungsan,
tresna, patriotism, perjuawangan, urip kang gagal, alam, kritik sosial,
keadilan,demokrasi, lsp.
Perasaan / rasa pangrasa yaiku pangripta nemtokakenolak,
nyarujuki, apa nyengkunyung tumrap rasa iku.
Nada / irama yaiku kajiwan pujangga nalika
ngripta geguritan.
Amanat / pitutur yaiku pangripta geguritan isa
ngandharake pesen kang bakal dijlentrehake.
C. Geguritan Klasik
Titikane geguritan klasik / kuna yaiku:
Lumrahe
diwiwiti tembung sun gegurit
Sapada
ngemot patang gatra utawa luwih
Caching
wanda saben sagatra padha
Tibanie
swara ing pungkasan gatra runtut, nggunakake purwakanthi.
Tuladhane:
Sun gegurit
Tur kabeh padha ngemuti
Wong kang miskine kepati
Supaya padha mangerteni
Bungah susah amratani
D.
Jinis geguritan
Adhedhasar surasane kang kamot jrone geguritan ing jaman saiki kayata:
Ode yaiku geguritan kang surasane ngemot
pangalembana marang wong liya, negara apadene kang dianggep luhur.
Himne yaiku geguritan pangalembana marang Gusti Kang
Mahakawasa
Elegi yaiku geguritan kang surasane panalangsa.
Epigram yaiku geguritan kang surasane babagan
piwulang-piwulang moral, nilai idhup kang becik lan bener kang tinulis kanthi
ringkes.
Satire yaiku geguritan kang surasane ngenyek kanthi
kasar ( sarkasme) kang landhep / sinis tumrap sawijining bab kang ora adil kang
ana ing madyaning bebrayan.
Romansa yaiku geguritan kang surasane babagan
katresnan..
Balada yaiku geguritan kang surasane babagan crita
utawa lakonkang nyata utawa mung lamunane pujangga.
E.
Trap-trap panulisane geguritan iku
kaperang dadi telung trap kang penting :
Memtokake
ide/tema.
Nyaring.
Ngripta
geguritan.
F.
Trap-trapane lan cara kanggo mahami
lan ngudhari surasane geguritan :
maca
lan njingglengi geguritan wiwitan aknthi pungkasan.
Nggoleki
materi-materi kang penting.
Negesi
lan gawe dudutan surasane geguritan.
Nggancarake
nggunakake basane dhewe.
0 Post a Comment:
Posting Komentar