About US

Materi Kelas X SMK - Wulangan 2 = PATULADHAN KANG BECIK

 

PATULADHAN KANG BECIK

                                Babagan patuladhan kang becik iku ora mung tinulis ing tata aturan kang gumathok, nanging uga bisa diprangguli ing kasusastran-kasusastran. Ing wulangan iki bakal disinau patuladhan kang becik lumantar karya sastra awujud crita cekak (cerkak). Wawasan iku kaandharake kanthi dhasar amarga sajroning cerkak iku mesthi ngemot pesen utawa amanat kang pengin diandharake dening pangrakite. Dene cerkak kang becik iku kudu ngemot pututur-pitutur kang becik lan bisa dadi patuladhan kang becik.


A.      Pangertene Crita Cekak

Crita iku dumadi adhedhasar saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa.

Sajroning kedadeyan iku ana paraga (pirang-pirang tokoh) lan paraga iku nglakoni sawijine utawa rerangkening konflik utawa cengkorongan. Umume awujud leakon cekak kang wose crita munjerake sawijining paraga.

                Semono uga crita cekak uga dumadi saka urutan sawijining  kedadeyan utawa prastawa, kang nyata utawa fiktif. Kang mbedakake karo crita liyane, cerkak iku dicritakake sepisan rampung, lan wis bisa nuduhake kerampungan crita. Mula ing padatan cerkak mung tinulis kanthi cekak lan prasaja.

B.      Unsur Crita Cekak

Bab-bab intrinsik ing cerkak yaiku (tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering crita/sudut pandang, lan konflik), wos surasane crita lan gawe ringkesan.

·         Tema

Tema minangka ide pokok utawa masalah sing utama kang ndasari lakuning crita.

·         Setting

Setting iku minangka latar belakang sing mbantu cethaning laku crita. Setting iku ngemot wektu, papan/panggonan, sosial budaya.

·         Punjering crita (sudut pandang)

Punjering crita diperang dadi 3, yaiku

1.       Pangrakite (penulis/pengarang) nggunakake sudut pandang paraga utawa lan tembung sesulih wong kapisan (kata ganti orang pertama), nyritakake apa kang dilakoni lan ngetokake rasa pangrasane dhewe kanthi tembung-tembunge dhewe

2.       Pangrakite nggunakake sudut pandang paraga bawahan, dheweke luwih akeh ngamati saka njabane crita tinimbang sajroning crita. Pangrakite biyasane nggunakake tembung sesulih wong katelu (kata ganti orang ketiga).

3.       Pangrakite nggunakake sudut pandang Impersonal, dhewekw sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngerti. Dheweke nyawang paraga nganti tekan sajroning pikiran lan atine. Mula pengarang ing kene bisa nyritakake rahasia batine paraga.

·         Alur/Plot

Alur/plot yaiku rerangkening /cengkoronganing prastawa/ kedadeyan ing crita. Alur diperang dadi 2 perangan, yaiku alur maju (progresif) yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita. Dene alur mundur (flash back progresif) yaiku dumadi kang ana sesambungane karo prastawa kang lagi dumadi.

·         Penokohan

Penokohan iku nggambarakake karakter kanggo paraga/pelaku. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapiturute.

·         Konflik

Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita. Ing perangan iki pancen diketokake prakara apa kang ndadekake crita iki dadi narik kawigaten. Sansaya njlimet lan tlesih anggone gawe konflik, ndadekake crita iku ngundhakake kawigatene pandhemene.

C.      Nilai-nilai kang kamot sajroning cerkak

·         Nilai budaya iku ana sesambungan karo pamikir, pakulinan, lan asih karya cipta.

·         Nilai sosial iku ana sesambungane karo tata laku pasrawungan ing antarane pawongan siji lan liyane.

·         Nilai moral iku ana sesambungane karo tumindakbecik lan ala kang minangka dhasar panguripan manungsa lan masyarakat.

·         Nilai religius/keagamaan iku ana sesambungane karo tuntunan agama lan kepercayaan.

·         Nilai pendidikan/edukasi iku ana sesambungan karo owah-owahan tingkah laku saka ala dadi becik.

·         Nilai estetika/keindahan iku ana sesambungane karo bab-bab kang narik kawigaten, kaendahan, seni, utawa nyenengake.

·         Nilai etika iku ana sesambungane karo sopan santun lan subasita ing bebrayan.

·         Nilai politis iku ana sesambungane karo pamarentah.

·         Nilai kemanusiaan iku ana sesambungane karo sipat-sipat manungsa, lsp.

D.      Sinopsis

Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis synopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku :

·         Tema : gagasabn pokok, pokok cerita.

·         Latar : papan lan wektu dumadine prastawa.

·         Alur : lakuning crita.

·         Penokohan : paraga crita

Materi Kelas X SMK - Wulangan 2 = PATULADHAN KANG BECIK Rating: 4.5 Diposkan Oleh: Bahasa Jawa

0 Post a Comment:

Posting Komentar