“WULANGAN
1”
NGANGSU KAWRUH
A.
PASINAON
Ngudi
kawruh kuwi wajib ukume wiwit lair nganti satemene umur. Prakara iku nandhesake
Manawa ngelmu iku pancen prelu banget. Coba dibayangake wong urip ora duwe
sangu kawruh babar blas, mestine kaya wong ing tengah segara nanging ora duwe
kompas utawa piranti kanggo nuduhake arah, bakale miyar miyurngiwa nengen tanpa
bisa methekake arah uripe. Ngelmu kuwi uga bebasan kaya tekene wong sepuh.
Ing
Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegoro IV saka Pupuh III Pocung nuduhake
wong Jawa tumrap ngelmu. Ngelmu iku
kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya
pangakese dur angkara. Tegese, wong golek ngelmu iku kudu kanthi usaha,
kudu dilakoni kanthi tumenan, bisa oleh santoso lan raharja uga ngedohi babagan
angkara murka.
Ora
gampang golek ngelmu, kudu cucul ragat, cucul tenaga, lan ngurbanake liyane.
Jer basuki mawa beya, kabeh sing pinuju asil kang becik iku kudunganggo
pangurbanan, ana laku sing kudu dilakoni kanthi tumenan, ora gampang kaya malik
epek-epek tangan.
Ngelmu
kuwi bisa nuduhake nasibe wong. Kanthi ngelmu wong bisa oleh gaweyan, banjur
oleh dhuwitkang tansah bisa nyukupi kebutuhan keluwarga. Ngelmu uga
njalaripangaji lan pakurmatan. Hakikate ngudi kawruh iku ngelmu, lelaku, lan pitakon.
Piwulang panguripan murih sampurnaning urip (lair tumusing batin), tan kendhat
kudu terus dilakoni, tundhane tinemune ngelmu sejati kang asring sinebut utawa
kasunyatan jati ya sejatine kasunyatan.
//Ngelmu iku kalakone
kanthi laku// Lekase lawan kas// Tegese kas nyantosani// Setya budya pangakese
dur angkara// (Kalakone antuk ngelmu iku srana wani lelaku
nglakoni lelakoning urip, kawiwiwtan saka kasa kang ateges paring kasantosan
utawa kekuatan lair batin, kasetiyaning mring darma kanggo brasta angkara
murka).
Tembang
Pocung anggitane KGPAA Mangkunegara IV jroning Serat Wedhatama iki, sejatine minangka piwulang luhur, saka tembung
Wedha Utama kang maknane banyu
wening, kautaman jiwaning manungsa. Intisarine Serat Wedhatama, Ngelmu Laku
ambangun luhuring budi pakarti lan cures punggege dur angkara, murih
sampurnaning urip, lan panguripane manungsa.
B.
PANGERTEN
LAN MAKNANE TEMBANG POCUNG
Miturut
maknane tembang Pocung iku nggambarake mangsa nalika wis dipocung utawa mati.
Watake sembrana, sakepenake. Manungsa kang wis seda bakal lali ing sakabehe,
turune sakepenake. Kabeh gumantung marang sanak sedulur kang ngrukti. Ing kene
duwe pangerten lamun tembang Pocung iku nggambarake manungsa iku lamun wis titi
wancine tinimbalan dening Gusti Kang Maha Kuwasa ora bisa apa-apa, anane mung
sumarah utawa manut, mula diarani sakepenake.
C.
PATHOKAN
TEMBANG POCUNG
|
POCUNG |
||
|
Guru wilangan |
Guru lagu |
Guru gatra |
|
12 |
u |
4 |
|
6 |
a |
|
|
8 |
i |
|
|
12 |
a |
|
D.
WATAK
TEMBANG POCUNG
Watake
tembang Pocung iku sakepenake dhewe/luwes, lucu lan gawe seneng. Mula biyasane
kanggo ngandharake bab-bab kang ora serius lan bisa gawe gegojegan. Surasane
kala mangsane ngemot cangkriman utawa banyolan (cerita kang ngguyokake)
E.
WOS
KANG KAMOT ING TEMBANG POCUNG (Wedhatama)
·
Serat Wedhatama
ngajarake supaya manungsa iku bisa ngendhaleni angkara murka, amarga yen sikep
kang kaya mangkono ora dikendhaleni bakal nuwuhake prakara.
·
Ing perangan liyane
Serat Wedhatama uga mulangake babagan nggayuh ngelmu luhur. Diandharake lamun
wong kang kepengin entuk ngelmu iku kudu gelem ngupadi kanthi tenan. Mula iku
kang kanggo garan para satriya luhur biyen iku ana telung prakara, yaiku
ikhlas, sabar, lan nrimo mring Gusti.
Menawa siswa kepingin download file ana ing bentuk doc. bisa klik link ing ngisor iki!
klik == > https://bit.ly/37ecjC0
Sampun bu
BalasHapus