About US

MATERI KELAS XII SMK - WULANGAN 3 - AJINING RAGA LAN SARIRA SAKA ING BUSANA

 

WULANGAN 3

AJINING RAGA LAN SARIRA SAKA ING BUSANA

           

            Unen-unen kasebut ora mung sinawang saka busana kang dienggo nanging luwih saka iku duwe karep lamun manungsa iku sinawung saka apa kang diagem. Saben papan iku duwe identitas kang beda-beda, nanging jati dhiri kang beda iku ora nuduhake lan mbedakake siji lan sijine. Kanthi nduweni adat budaya kang maneka warna uga ndadekake kita rumangsa bombong lan bangga dadi warga Indonesia.

            Salah sijine adat lan budaya yaiku pakaian adatwes kondhang kaloka ing saindhenging jagad raya, yen Indonesia iku papan dununge adat lan budaya kang akeh cacah lan wernane. Ing tlatah Jawa dhewe wae uga duwe busana adat kang maneka warna, ana kang cakrik Jawa Tengah, Jawa Timur, Jawa Barat, Cirebon, Sunda, Jogja, lan sapiturute. Saben papan dunung kasebut duwe cirri khas dhewe – dhewe.

            Nalika nyawang busana adat iku aja mung disawang blegere wae, nanging kudu ngerteni lan mahami apa kang sejatine. Amarga, saben busana kang digawe dening para leluhur biyen mesthi duwe karep lan pitutur kang luhur. Mula kanthi ancas kasebut ing wulangan iki para siswa bakal nyinau babagan busana adat Jawa. Dene ancas kang katuju yaiku supaya bisa ngerteni lan mahami busana adat Jawa. Kanthi undhake tata karma lan subasita kudu ngecakake pakarti kang luruh lan urmat. Ajining dhiri gumantung ing lathi, ajining raga gumantung ing busana.


A.      Wacana Deskripsi

Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudi dayane penulis kanggo menehi peprincen-peprincen saka sawijining objek ( panggonan, manungsa, barang, lan sapanunggalane ).sajroning deskripsi penulis mindhahake kesan-kesane, mindhahake asile pengamatan lan rasa pangrasane marang pamaca. Tulisane njlentrehake sifat lan sakabehe peprincen wujud kang bisa ditemokake saka objek kasebut. Ancas kang pingin diwujudi dening panulis deskripsi yaiku ngripta daya kayal pamaca. Kaya-kaya pamaca bisa nyawang objek kuwi mau kanthi wutuh lan cetha.

Saliyane kuwi karangan deskripsi yaiku sawijining karangan kang tujuwane kanggo nggambarake objek kang sanyatane. Karangan deskripsi objektif yaiku slah sawijining jenis karangan kang anggone nggambarake objek mau ora dikantheni karo opini saka penulis. Dene karangan deskripsi subjektif yaiku salah sawijining jenis karangan kang anggone nggambarake objek iku kang dikantheni karo opini saka penulis.

Topik – topik kang bisa dikembangake dadi tulisan deskripsi yaiku :

a.       Kahanan ruang : ruang sinau gerbong sepur klas ekonomi, pos rondha ing desa, lsp.

b.      Kahanan barang : maneka warna kembang ing Taman balekambang, prau-prau ing pelabuhan Tanjung Emas, wujud wewangunan lan adat Jawa, piranti praktek ing laboratorium, alat transportasi, lsp.

c.       Proses : proses nggawe klambi kebaya, budhal menyang sekolah, reresik lingkungan sekolah, ngopeni lan ngrembaka tanduran, njaga kelestarian sumber daya alam, lsp.

B.      Paribasan

Paribasa yaiku tetembungan kang ajeg panggonane lan panganggone, ateges entar, nanging ora ngemu surasa pepindhan.

Tuladhane :

v  Adigang, adigung, lan adiguna ( ngendel- ngendhelake kekuwatan, keluhuran, lan kapinteran )

v  Ana catur mungkur ( ora seneng ngrungokake rerasaning liyan kang ora prayoga )

v  Durung pecus keselak becus ( durung pinter, nanging gadhah pepenginan ingkang neka- neka, lsp.)

C.      Isbat

Tembung isbat tegese ketetepan. Isbat yaiku unen – unen kang ajeg panggonane mawa surasa tartamtu. Wujude racikaning tembnung kang ndhapuk ukara, ngemu teges entar lan ngemu pasemon. Isbat saemper karo paribasan, tegese cedhak karo babagan falsafah/pitutur luhur lan pasemon/pitutur kang ora melok/cetho anggone ngandhakake. Isbat iki kulinane digunakake kanggo ngandharake falsafah, pitutur luhur, ngelmu-ngelmu agama, lsp.

                Tuladhane :

v  Golek banyu apikulah warih

v  Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti

v  Golek kayu gung susuhing angin

v  Ngupadi banyu suci perwitasari

v  Ngudi ngelmu sangkan paraning dumadi, lsp.

D.      Sanepa

Sanepa yaiku tetembungan kang saemper pepindhan, ngemu surasa mbangetake, ateges kosok balene karo tetembungane. Sanepa katitik saka dapukaning tembung dumadi saka tembung watak sinambung karo tembung aran.

                Tuladhane :

v  Eseme pait madu ( eseme manis banget )

v  Tatune arang kranjang ( tatune kerep banget )

v  Utange arang wulu kucing ( utange akeh banget )

 

 

 

MATERI KELAS XII SMK - WULANGAN 3 - AJINING RAGA LAN SARIRA SAKA ING BUSANA Rating: 4.5 Diposkan Oleh: Bahasa Jawa

0 Post a Comment:

Posting Komentar