· Aksara Jawa Lan Pasangan
Aksara jawa jinise ana 20 pasang,
wiwit saka :
“ ha, na, ca, ra, ka,
da, ta, sa, wa ,la,
pa, dha, ja, ya, nya,
ma, ga, ba, tha , nga “
Urutan iku uga bisa diwaca dadi
ukara-ukara:
“ Hana caraka tegese Ana utusan ”
“ Data sawala tegese Padha
regejekan ”
“ Padha jayanya tegese Padha
digdayane “
“ Maga bathanga tegese Padha dadi
bathang “
·
Titi Wacana ( Semantik
Yaiku peranganing ngelmu basa kang
ngrembug bab makna, surasa, teges. Ing ngelmu linguistic diarani semantic. Kang
karembug ing titi wacana iku Sinonim, antonim, homonim, homofon, homograf,
hiponim, lsp.
Tuladhane
:
§ Sinonim
(Tembung nunggal misah) :
Tuladhane : Jeneng = aran, asma,
tetenger, peparab.
Omah = griya, dalem, sundhung
§ Antonim
(Tembung kosok balen) :
Tuladhane : gedhe-cilik, adoh-cedhak,
lanang-wadon, dhuwur- cendhak,lsp
§ Homonim
( padha tulisan lan pocapan)
Tuladhane
: ngukur = kukur-kukur/ukur, suduken = lara weteng / kon nyuduk, lsp
§ Homofon
( padha pocapane beda tulisane )
Tuladhane
: kulub ‘anak’- kulup ‘gudhangan/keleman’, lsp.
§ Homograf
( padha tulisan beda pangucap )
Tuladhane
: lemper = panganan, lemper = piranti kanggo nguleg ; cemeng =ireng, cemeng =
anak kucing, lsp
§ Hiponim
( tembung kang tegese kaanggep perangan tembung liya/tembung umum-khusus.
Tuladhane
: warna = abang, ierng, kuning, biru, putih; who-wohan = jeruk, apel, duren,
lsp.
·
Titi Ukara ( sintaksis )
Yaiku peranganing parama sastra
kang ngrembug bab ukara. Kang karembug ing titi ukara yaikubab frasa lan
klausa. Saliyane iku uga ngrembug babbagan ukara tanduk, tanggap, camboran,
pakon, pitakon, lsp.
§ Ukara Tanduk yaiku ukara aktip kang wasesane
tembung kriya tanduk (entuk ater-ater hanuswara : n-, m-, ng-, ny- ; lan
panambang –I utawa –ake.
Tuladha
: aku nulis aksara jawa , adhiku gawe layangan, lsp
§ Ukara
Tanggap yaiku ukara kang wasesane tembung kriya tanggap ( entuk ater- ater di-,
ka-, utawa seselan –in-.
Tuladha
: layang iki ditulis nalika bapak
isih sugeng, lungguhku linambaran
klasa mendhong, lsp.
§ Ukara
Camboran yaiku ukara kang dumadi saka rong klausa utawa luwih, nanging wasesane
mung siji.
Tuladhane
: adhiku juwara siji jalaran sregep sinau; sanadyan pagaweane abot nanging aku
ora nggresula.
§ Ukara
Pakon (ukara prentah) yaiku ukara kang surasane ngongkon marang wong liya
supaya nindhakake pakaryan.
Tuladhane
: Tutupen lawang kuwi !; Ayo padha sregep sinau!
§ Ukara
Pitakon (ukara pakon) yaiku ukara kang surasane awujud pitakonan.
Tuladhane
: Mbak, asmamu sapa?; Dalan iki yen ngetan bablas tekan ngendi ya?; lsp.
·
Titi Tembung ( Morfologi )
Yaiku ngelmu bab tembung. Manut
wujude tembung ing basa Jawa iku kaperang dadi Tembung Lingga , tembung
Andhahan, tembung Rangkep, tembung Camboran, lsp.
Tuladhane =
§ Tembung
Lingga = pacul, meja, buku, kursi, lsp.
§ Tembung
Andhahan = tutupan, bakulan, dipaculi, lsp.
§ Tembung
Rangkep = bola- bali, wira- wiri, ada- ada, lsp.
§ Tembung
Camboran = rondha royal, semar mendhem, lsp.
·
Titi Swara ( Fonologi )
Yaiku ngelmu bab swara utawi uni,
uga diarani fonologi.
Tuladhane :
§ Wedi
- wedhi, putu – puthu
§ Pupu
– pupur, pala - palang
0 Post a Comment:
Posting Komentar