A.
PASINAON
Mulat
sarira hangrasa wani. Mulat tegese nulat dhiri pribadi. Sarira ateges awak,
badan. Hangrasa ateges rumangsa, dene Wani ateges ora wedi apa-apa. Kanggo mangerteni
unen-unen iku bisa diwaca saka pungkasan dhisik, yaiku wani rumangsa, nulat
awake dhewe. Makna kang kamot ing ukara iki supaya manungsa kudu wani kanthi
tinarbuka marang kaluputan lan kekurangan ing dhiri pribadine.
Ukara
Mulat sarira hangrasa Wani iku perangan katelu saka Tri Dharma, wulangan Sri
Mangkunegara 1 kang kawentar kanthi asma pangeran Sambernyawa. Perangan sepisan
lan kapindho yaiku Rumangsa melu handarbeni lan wajib melu hangrungkebi. Hangrasa
wani ing kene ngemu teges ora bakal wani yen wedi-wedi. Ora bakal kaduk wani
kurang duga, tegese mung waton wani ora nganggo petungan lan ora bakal
nggunakake rembug wani pira.
Mula
saka iku supaya hangrasa wani awake dhewe kudu mulat sarira luwih dhisik. Miturut
tegese tembung sarira iku awak/ badan. Tegese ya awake dhewe. Apa kang kudu
ditindhakake awake dhewe sakdurunge hangrasa wani? Wangsulane yaiku mulat. Mulat
ing kene ateges waspada. Dadi sajroning tumindak lan urip ing madyaning
bebrayan awake dhewe kudu bisa mawas dhiri lan waspada. Mulat sakabehe
nindhakake samubarang gawe.
Mulat
sarira sawijining unen-unen kang wis umum ngrembaka ing madyaning masyarakat,
ora mung dadi konsep, pathokan, utawa tata aturan sawijining kapiyatan, nanging
sawijining pangajak marang sakabehe manungsa supaya bisa ngukur lan mulat
marang dhiri pribadine. Akeh sawenehe pawongan kang luwih gampang ngonceki
alaning liyan tinimbang ngerti lan ngrumangsani nulat marang pribadi dhewe. Yen
rasa pangrasa iki kabanjur dilirwakake ateges awake dhewe wis kelangan jati
dhiri.
Tulaten
dhiri pribadimu sakdurunge nulat kepribadiyane liyan, amarga yen bisa tambah
weruh marang awake dhewe bakal bisa ngonceki kaluwihan lan kekurangane kang
tundhone dadi kawitan anggone bakal ndandani dhiri pribadine dhewe. Kaya dene
pituture para sesepuh beja-bejane manungsa iku tansah eling lan waspada. Kang bakal
antuk kabegjan iku wong kang tansah ngati-ati ing samubarang tumindak.
Mula
saka iku ngendhaleni dhiri (mulat sarira) utawa tembung saiki introspeksi
dhiri, yaiku nulat sakabehe tumindak ala lan becik, asil lan gagaling mangsa
sakdurunge iku penting banget, tegese supaya bisa gawe imbanging panguripan. Sakabehe
tumindak becik prelu dilestarekake lan dirembakakake, dene tumindak ala lan
nyilakani liyanora kena ditindakake malah-malah yen bisa kalebur. Tumindak kang
didasari saka tresna asih, urmat mring sasama, mad-sinamadan, ing kono bakal
tuwuh kabagyan lan katentreman ing jiwa, raga, lan swasana.
Mula
saka iku ing wulangan iki, para siswa bakal nyinau tembang Kinanthi saka Serat
Wedhatama, kang undheraning ancas supaya siswa bisa mulat sarira angrasa wani. Bab
iki diwulangake minangka rasa sukur mring Gusti Kang Maha Kuwasa kang wis
paring kanugrahan awujud rasa pangrasa lan pamikir kang ganep beda karo titah
liyane, beda karo kewan. Saliyane iku uga supaya siswa bisa ngundhakake rasa
urmat lan toleransi marang pawongan liya, amarga mulat sarira iku bisa
ngendhaleni rasa ongas/ sombong, lan ngedohi tumindak kang tanpa waton utawa
sakepenake dhewe.
B.
PANGERTEN
LAN MAKNANE TEMBANG KINANTHI
Miturut
maknane, tembang kinanthi iku nggambarake mangsa nalika manungsa iku wus mangun
bale wisma (rabi), urip rukun lan tentrem ayem karo kaluwargane. Kinanthi iku
saemper karo tembang kanthi, kekanthen, gandheng. Ana maneh kang wimbuh
pangerten yen tembang kinanthi iku nuntun utawa nganthi. Tegese minangka
kuwajibane wong tuwa kudu bisa nuntun/ nganthi para putrane supaya sakabehe
tumindake ora nalisir saka bebener. Mula kudu mbimbing lan tansah aweh pepeling
marang para putrane.
C.
PATHOKAN
TEMBANG KINANTHI
|
KINANTHI |
||
|
Guru wilangan |
Guru lagu |
Guru gatra |
|
8 |
u |
6 |
|
8 |
i |
|
|
8 |
a |
|
|
8 |
i |
|
|
8 |
a |
|
|
8 |
i |
|
D.
WATAK
TEMBANG KINANTHI
Watake
sarwa seneng, bungah, asih, gumolong, atut runtut renteng-renteng reruntungan. Mula
biyasane kanggo ngandharake pitutur luhur, rasa tresna asih. Mula padatan kang
kulina, digunakake kanggo gandrung lan aweh pitutur.
E.
WOS
KANG KAMOT ING TEMBANG KINANTHI (Wedhatama)
·
Serat Wedhatama
ngajarake sawenehe tuntunan moral minangka perangan saka pendidikan karakter
kang bisa sinebut etika pribadi, amarga dadi sawijining tuntunanetis kang ner marang
dhiri pribadine dhewe. Kaya dene piwulang-piwulang ing budaya Jawa, Serat
Wedhatama mentingake rasa pangrasa, piker, amarah, utawa kapitayan (spiritual). Bab iki kamot ing pitutur
supaya ngolah lantiping rasa (angulah
lantiping ati) lan nyingkirake hawa nepsu supaya bisa dadi manungsakang
berbudi luhur (bengkas kahardaning driya,
supaya dadya utami).
·
Supaya antuk ngelmu
sejati (ilmu sejati) bisa lumantar
ngolah lantiping ati, yaiku kanthi tapa brata lan prihatin ing papan kang sepi
(pangasahe sepi samun). Yen dilakoni
kanthi temen bakal bisa mutung pepalang kang dadi pepalanging budi (bengkas kahardaning driya, kekes srabedaning
budi).
·
Sarat nglakoni ngelmu
sejati (lakune ngelmu sejati) yaiku ora kena iri lan drengki (tan dahwen pati openan).
·
Serat Wedhatama
ngajarake lamun manungsa iku kudu tansah eling lan waspada (awas lane ling).
·
Waspada tegese ngerti
pepalang urip
·
Serat wedhatama
ngajarake supaya ora kulina tumindak nistha, ati-ati marang pepalanging urip.
·
Serat wedhatama
ngajarake supaya aja nganti gela ing tembe mburine.
·
Kabecikan kang wis
diwulangake iku minangka cara kanggo ngudi supaya entuk kamulyan. Sanadyan ora bisa mujudake kanthi sakabehe, nanging
manungsa kudu bisa nganti kasil.
·
Ing Serat Wedhatama,
wong becik bebudene iku biyasane gampang bisa srawung karo pawongan liya, lan
bisa mangun sesrawunganing papan ngendi wae.
Menawa siswa kepingin download file ana ing bentuk doc. bisa klik link ing ngisor iki!
klik == > https://bit.ly/3xh21vw
0 Post a Comment:
Posting Komentar