Ing
saperangan andharan wis njlentrehake yen tembang Pocung iku surasane bisa
ngemot cangkriman. Cangkriman yaiku unen-unen utawa tetembungan kang kudu
dibatang utawa dibedhek maksude. Cangkriman uga diarani bedhekan utawa
batangan. Wujud cangkriman kaperang kaya ing ngisor iki, yaiku:
·
Awujud tembung wancahan
(cekakan), tuladha :
Ø Pak
boletus : tapak kebo ilang satus
Ø Pak
bomba, pak lawa, pak piyu, tapak kebo amba, tapa ula dawa, tapak sapi, ciyut
Ø Pindhang
kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng
·
Awujud pepindhan
(emper-emperan), tuladha :
Ø Sega
sakepel dirubung tinggi : salak
Ø Pitik
walik saba kebon : nanas
Ø Ora
mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong : kates
Ø Pitik
walik saba meja : sulak, kemoceng
Ø Emboke
dielus-elus anak di idak-idak : andha
Ø Gajah
nguntal sakrah : pawon
Ø Kebo
bule cancang merang : buntil
·
Awujud plesedan utawa
blenderan, tuladha :
Ø Wong
wudunen kuwi sugih pari : paringisan/ pringisan
Ø Ora
usah mutung. Mutung apa? Mutung kasarung : lutung kasarung
·
Awujud sinawung ing
tembang Pocung, tuladha :
Ø Bapak pocung cangkemu
marep mandhuwur
Sabamu ing
sendhang,
Pencokanmu
lambung kering,
Prapteng wisma
si pocung muntah guwaya
( Batangane = Klenthing/ Jun )
Ø Bapak pocung
renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula,
Pencokanmu wesi
miring,
Sing disaba si
pocung mung turut kurba,
(
Batangane = Sepur )
Siswa dak suwun mirengake tuladha
tembang Pocung ingkang dipun lumantarake dening ibu Endang hartini lan
dipraktekake ana ing ngomah mu dewe-dewe !
Sugeng
nyinauni
0 Post a Comment:
Posting Komentar